Contohsambutan tuan rumah acara walimatul ursy. Teks pembawa acara walimatul ursy bahasa jawa. Demikian contoh mcpembawa acara pernikahan. Allah yang maha pemurah pencurah rahmah maha pencipta kasih sayang. Nah untuk anda yang bertugas sebagai pemberi kata sambutan berikut ini adalah beberapa contoh kata sambutan acara penikahan. MCMaster Of Ceremony Bahasa Madura Alos (Bahasa Madura Halus) Acara Selamatan Pernikahan Walimatul Ursy#masterofceremonies #bahasamadura #mcpernikahan cash. Pembawa Acara Walimatul Ursy Bahasa Jawa السلام عليكم ورحمة الله وبركته الحمد لله رب العالمين وبه نستعين على امورالدنيا والدين والصلاة والسلام على سيدنا محمد وعلى أله وأصحابه أجمعين اما بعد. Minangkani purwokaning atur, kaulo ngjak dumateng kaulo pribadi lumeberipun dumateng panjenengan sami, sumonggo kito sesarengan ngaturaken raos puji tasakur wonten ngarsonipun Alloh SWT Bikaulina Alhamdulilahirobilallamin katitik wonten kalodangan puniko kito saget hanglogar aken penggaleh, kempal manunggal, wonten dalem pahargian/pawiwahan, kanti pengajap soho hamungel raos hangestrani wontenipun hadicoro walimatul............... kanti pinayungan karaharjan mboten wonten rubedo setunggal punopo. Sholawat sinareng salam mugi tansah kunjuk katur wonten ngarso dalem junjungan kito nabiyuloh Nabi agung Muhamad SAW, mugi-mugi kito sedoyo kalebet umat ingakang bade angsal syfa’at ipun wonten yaumil akhir. Sageng poro lenggah kakung soho putri Dumateng jamaah......................hormati Kepareng kaulo matur soho ngampil kamardikan panjenengan sami, mboten ateges ngilangi adab kasusilan toto trapsilo kraten kaulo ing mriki pinongko pranoto hadicoro walimatul.............. Sakdereng ipun adaicoro kelampahan langkung prayoginipun kaulo waosaken menggah hadicoro engkang bade lumampah wonten kalodangan puniko Hadicoro ingkang ongko sepindah pambuko Hadicoro ingkang ongko kaleh.... .................................................. ................................................. Sedoyo hadicoro kolowau dipun pungkasi kalian penutup. Mekaten menggah hadicoro engkang bade kalempahan wonten wedal.... seumonggo kito kawiti hadicoro pambuko kanti wausan ummul kitab kanti pengajab mugio waosan kolo wau dadosno wasilah hadicoro samangke kawitan ngatos pungkasan saget lumampah kanti wilujeng mboten wonten rubedo setunggal punopo. Mekaten kolowau sedoyo hadicoro engkang sampung lumampah wonten wedal... pramilo minangkani pupute atur mbok bileh kiroto boso kaulo matur wonten ngarso panjenengan sedoyo kirang hanuju prono, kaulo tansah nyuwun agunge seh samudro pangaksomo. والسلام عليكم ورحمة الله وبر كاته MC Walimatul Ursy Pernikahan Konsep Mudah Dan Sederhana Dengan Bahasa Jawa Biasa Assalamu’alaikum A’udzubillahiminassyaithoonirrojiim. Bismillahirrohmaanorrohiim. Alhamdulillahi robbil aalamiin wabihinasta’iin wa ala umuriddun ya waddiin. Wassholaatu wassalamu ala asyrofil anbiyaa’i wal mursaliin wa ala aalihi wa shohbihi ajma’iin. Annikaahu sunnati faman roghiba ansunnati falaisa minni ammaaba’du. Hadzrotal mukarromin, poro ulama’ul amilin. Poro bapak kyai ingkang tansah kito hormati. Piro sesepuh pinisepuh ingkang kito hormati. Poro tamu pengiring pinang nganten kakung ingkang Kawulo hormati. Dumateng shohibul bait ingkang kawulo hormati. Poro Bapak, ibu ugi tamu undangan ingkang Kawulo hormati. Serto dumateng pinang nganten kekaleh ingkang berbahagia. Alhamdulillah, ing ndalem kesempatan meniko kito saget makempal ing setunggaling majlis inggih meniko majlis walimatul ursy, ing ndalemenipun Bapak……………ugi ibu…….., ingkang nggadahi hajat nikahanaken putri ingkang paring asmo…………ingkang pikantuk mas………..saking tlatah………….., kanti sehat wal afiat mboten wonten aral setunggal punopo. Mugi-mugi kemawon kerawuhan panjenengan sedoyo ing majlis meniko sak estu angsal ridlo saking Allah SWT sebagai amalan sholihan maqbulan. Amin ya robbal alamin. Poro Bapak, ibu ugi tamu undangan ingkang Kawulo hormati. Sak derengipun acoro kito milai, monggo kito sareng-sareng raos muji syukur ing ngarsaning Allah SWT. ingkang sampun paring pinten-pinten rohmat, taufiq, hidayah soho inayahipun, sahinggo kito sedoyo saget ndere’akan acoro walimatul ursy ing siang meniko. Mugi-mugi kemawon Allah maringi kelancaran acoro dinten meniko. Amin Sholawat soho salam ugi kunjuk deneng Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Mugi-mugi kemawon kito sedoyo termasuk tiyang-tiyang ingkang angsal syafa’atipun fi yaumil q iyamah. Amin ya Robbal Alamin. Poro Bapak, Ibu ugi tamu undangan ingkamg Kawulo hormati. Kawulo ingkang kajibah sebagai pranoto acoro bade maos susunan acoro ing siang meniko. Acoro sepindah inggih meniko pembikaan Acara paling kaleh pembacaan ayat-ayat suci Al-Qur’an Acoro kaping tigo inggih sambutan-sambutan Sambutan A saking pihak pinang nganten putri Sambutan B saking nganten kakung. Acoro kaping sekawan inggih meniko mau’idhoh hasanah Acoro kaping pungkasan inggih meniko do’a / penutup. Poro Bapak, Ibu ugi tamu undangan ingkang kawulo hormati. Meniti adicoro ingkang kaping sepindah inggih meniko pembikaan, monggo kito sareng-sareng bikak kanti waosan surotul fatihah, mugi-mugi kemawon kanti waosan surotul fatihah acoro ing siang meniko saget kalaksanan lancar ugi barokah dateng kito sedoyo. Alaniyatus Sholihah. Alfatihah…. Matur suwun. Nglajengaken acoro kaping kaleh inggih meniko pembacaan ayat-ayat suci Al-Qur’an ingkang bade di pun ru’usi Bapak/ibu………… Dumateng Bapak/ibu……….kawulo sumangga’aken. Matur suwun atas waosan ayat-ayat suci Al-Qur’an saking Bapak /ibu…….. Meniti adicoro kaping tigo inggih meniko sambutan – sambutan. Sambutan A saking pihak pinang nganten putri ingkang bade dipun aturaken dumateng Bapak…… Dumateng Bapak ……kawulo sumangga’aken Matur suwun atas sambutanipun saking Bapak …..selaku wakil pihak pinang nganten putri. Sak lajengipun inggih meniko sambutan saking pihak pinang nganten kakung ingkang di pun aturaken Bapak…… Dumateng Bapak……..kawulo sumangga’aken. Matur suwun atas sambutanipun saking Bapak …..selaku wakil pihak pinang kakung putri. Meniti adicoro kaping sekawan inggih meniko mau’idhoh hasanah sekaligus do’a penutup ingkang bade di pun aturaken Bapak……. Dumateng Bapak…..kawulo sumangga’aken. Matur suwun dumateng Bapak….ingkang sampun maringi mau’idhoh hasanah ugi do’a penutup. Poro Bapak, Ibu ugi tamu undangan ingkang kawulo hormati. Alhamdulillah, mekaten acoro demi acoro sampun kito laksana’aken kanti sae, matur suwun atas kerawuhan panjenengan. Sak derengipun kito tutup acoro, kawulo pribadi mbok bilih wonten klenta-klentunipun anggen kawulo matur, kawulo nyuwun agungipun pangapunten. Monggo kito tutup kanti waosan hamdalah. Alhamdulillahi robbil alamin. Wallahul muwaffiq ila aqwamitthoriq Wassalamu’alaikum Catatan mohon ma’af bila ada kesalahan/kekurangan dalam kata, kalimat tertulis. Semoga tulisan sangat sederhana ini kiranya dapat bermanfaat bagi banyak orang. Terima Kasih ?. Penulis Imam Muhlis Ali

sambutan walimatul ursy bahasa jawa